Pages

Sabtu, 07 Juni 2014

Asal Mulane Jeneng Dusun Krendetan


Jaman biyen critane para sesepuh wiwit saka dukuh Karang Pilang tumeka daerah Jatingarang, ana anak Ratu jenenge Jaka Tingkir sing lagi numpak prau tekan dukuh Banyu Biru. Ning kana kuwi Jaka Tingkir ngaso sedelo kanggo leren sing numpak prau, prau kuwi digawe Jaka Tingkir saka wit wit jati kang digandeng dadi siji nganggo dadung sing bakoh.
          Tekan kali wara wari numpak prau kang sing digawe dewe. Nganti tekan dukuh Margaina Jaka Tingkir banjur leren jaluk banyu marang wong desa kanggo ngombe, ning malah wong desa kana mau ora gelem menehi banyu nggo ngombe Jaka Tingkir. Malah wong desa kuwi kanda sing tok nggo mrau kuwi lak banyu to. Terus Kanjeng Tingkir nyabda marang desa kene ora ana sumbere banyu.
          Banjur tekan dusun Astasaji terus medun tekan Banyakan praune sing ditumpaki Jaka Tingkir pisah. Terus medun tekan dusun Gaden, Jaka Tingkir ndandani praune, praune digandeng meneh nganggo dadung sak anane. Mulane kana mau dijenengne dusun Gaden. Banjur bandang medun terus malah praune kerendet rendet eri oren. Mulane dadi dusun Krendetan.
          Yaiku mula bukane desa utawa dusun Krendetan.

 hermein saputri